Kang Aje : Biaya Resepsi Ora Murah

Kang Aje : Biaya Resepsi Ora Murah
Kang Aje - Awak nggreges lantaran sedino muput warwer-warwer ra leren blas kethiplas ugo pikiran buthek lemes mergo unjel-unjelan perkoro mbereng ndengah.

Wayah sandek olo seng lumrahe wong podo resik-resik awak ce'e katon seger sumringah Kang Aje sengojo epleh-epleh mblojet kedal-kedul rokokan sinambi ongan-angen opo ae sing kecandak pengangen-angen, durung ngasi keserot entek Kang Aje njarak mateni rokok mergo wis banget sliyat-sliyut mripate ugo ongap-angope tan soyo ombu ngluwehi mangape santri yanbu' sinau makhroj hamzah di fathah, let ora suwe sak durunge adzan maghrib keturulah Kang Aje angkler tutuk jam tengah wengi, tangi jenggerat gragaban lantaran diloncati sepasang kucing bledakan sing meyang-meyonge bantere nyumplengi sak erte (jarene : polahe kucing sing koyo mengkono iku ngalamat ape kawen).

Gayang-grayang nyandak botol banyu ngombe Kang Aje ngglogok sak akih-akihe, sak wuse ngombe Kang Aje thelek-thelek nyambi driji tangane nutal-nutul pojok mripat nggolek blobok ugo sethel, engdalem turune Kang Aje di ngipeni sijine wong wadon sing intine di weling "udude di sudo a,iling... biaya resepsi ora murah!", mergo iku wadon sosok sing mambu rodok istimincrit mungguhe Kang Aje, kanti gumrigahe ati ugo tekad setengah nekat sekolo iku ugo Kang Aje nduwe uni kanggo awake : " aku ora ape ngrokok neh ".

Mergo iling nak mau durung sembahyang maghrib Kang Aje cekat-ceket moro jeding siben wudlu terus nyandak sarung ganti kaos tanpo nganggo kethu, mahgrib sak ngisya'e wis beres, uma'-umi' sak cukupe diterusno dungo sedelok, ono ing dungo pikiran Kang Aje ora luput seko klebatan sosok wadon sing na ngipine, tanpo basa-basi nang pengeran Kang Aje molai moco dungo koyo umume kawitan dungo banjur mbolan-mbaleni "jodho Gusti jodho" wal hamdu lillaahi robbil 'alamiin.

Rong ndino setengah wengi Kang Aje babar pisan ra udud babar pisan mung iso klomat-klamut saben sak wuse mangan ijtihad ngempet tur ngomitmeni unine. Ndilalah setengah wengi lan sak teruse lha kok ono ae wewehan rokok seko wong-wong sing podo methuki, genep patang bungkus numpuk, pikirane Kang Aje molai othak-athik "iki tak wehno wong opo tak ijolno sabon ? tak ijolno sabon opo tak wehno wong? diwehno wong mboeman, diijolno sabon lha kok keplaor men.

Akhire karo-karone ora kelakon, njur Kang Aje nyandak siji bungkus disuwek plastike dijabot isine disumet pucuke disedot sak akih-akihe dikedulno keluke njur cangkeme ngucap : "Sepurane Yu.... ra kuat kecuten, biaya resepsi urusan mburi. alfatehah!!!


Kirim Komentar